Monday, March 10, 2008

Institut Seni Indonesia Yogyakarta


Institut Seni Indonesia Yogyakarta utawa ISI Yogyakarta, iku salahsijining perguruan tinggi seni negeri sing kampuse ana neng kutha Yogyakarta. Institut iki kusus nyelenggara'ake pendidikan neng bidang kesenian.
ISI Yogyakarta iki dibentuk saka gabungan Akademi Musik Indonesia (AMI), Akademi Seni Rupa Indonesia (ASRI) lan Sekolah Tinggi Seni Rupa Indonesia (STSRI).

Jawa Tengah lan Yogyakarta

Saka Jawa Tengah lan Yogyakarta sing paling berkembang yaiku jinis-jinis kesenian tari Jawa sing dikembangke neng lingkungan kraton, uga saiki berkembang jinis-jinis kesenian sing luwih modern sing dikembangake ISI Yogyakarta lan ISI Surakarta. Khusus bidang seni rupa malah dikembangake secara khusus neng ISI Yogyakarta malah wis dibentuk dadi Fakultas khusus seni rupa.

Kesenian Jawa

Jawa iku akeh ngelairke jenis kesenian-kesenian utamane kesenian tradhisional antarane: tari Jawa, wayang, gamelan Jawa lan liyane. Seliyane iku uga tumbuh jinis-jinis kesenian sing modern/anyar utamane sing dikembangake Institut Seni Indonesia Yogyakarta lan Institut Seni Indonesia Surakarta.

Kesenian tradhisional Jawa, utamane Jawa Tengah lan Yogyakarta umume tumbuh saka lingkungan kraton, yen saka Jawa Wetan jinis-jinis keseniane umum tumbuh saka kabudayaan rakyat.